Wedaran Sunan kali jaga
DAKWAH Sunan Kalijaga:
wayangku iki wayang innalillahi wa inna
ilaihi roji'un, nanging iki yen ngene iki wong
Jawa ora mudheng. Sak lajengipun Sunan
Kalijaga musyawarah kaliyan Sunan Bonang
dan Sunan Drajad.Sunan Drajad ngendhikan:
Nyuwun sewu Dimas Kalijaga, punika
wayang innalillahi wa inna ilaihi roji'un yen
wong Jawa ora mudheng? Supayane wong
Jawa isa mudheng tak jenengi “Aja Lali
Sangkan Paraning Dumadi”.
Lha ben uwong ki ora lali karo sangkan
paraning dumadi, tak gaweke tembang
(macapat). Tembang macapat ki apa? Ben
uwong isa slamet kudu isa maca barang
papat.Barang papat kuwi apa? Kancane
nyawa sing medhun nang donya, manggon
ing raga. Sing nang sisih tengen malaikat 2
jenenge Malaikat Khafadhoh, sing manggon
nang sisih kiwa iblis 2 jenenge Jin Korin. Iki
yen wong Jawa ya ra mudheng. Pramila iki
tak jenengi sedulur papat lima pancer. Yen
masalah pancer iki yen awake dewe ora
ngerti isa dadi perkara.Amarga ing wayah
pancer iki merlokake samubarang,
nggunakake kekuwatan sing tengen isa,
nganggo kekuwatan singkiwa uga isa.
Kayata, wong lanang kang nembe nandhang
wuyung mring wong wadhon, arep
nggunakake kekuwatan sing tengen iso,
carane pasa 3 dina sing diwaca Ya Rohman
Ya Rohim. Sesuk mesti wong wadhone
ngomong “I love you”. Nggunakake
kekuwatan sing kiwa uga isa, carane puasa
ngebleng 3 dina sing diwaca sun amantek
aji, ajiku si jaran goyang. Ya padha-padha
isa. Dadi padha-padha kelakone.Dadi yen
kyai sing tirakate kuwat ya padhang, dukun
sing ora tau adus yen tirakate kuat ya
padhang. Dadi padha-padha padhange,
nggoleki pitik ilang takon kyai ya ketemu,
takon dukun sing ra tau adus ya ketemu.
Mung bedhane sing siji (tengen) kaya
padhange lampu, sing sijine (kiwa) kaya
padange omah kobong. Nggoleki pitik
bengi-bengi nggawa lampu senter ya
ketemu, nggawa blaraksing di gendel di
obong ya ketemu.Lampune senter wutuh,
blarake kobong entek. Ya wis yen ngono
Dimas Kalijaga, kanti kawitan iki tak gaweke
meneh tembanng(Maskumambang)
medhune nyawa nang alam donya kanti di
kapati,di pitoni di kantiwaosan Qur'an lan
solawat. (MASKUMAMBANG)medhune nyawa
nang alam donya kok mlebu nang ragane
ibu dadi bayi, mengko yen lahir tak jenengi
tembang(MIJIL)(MIJIL): tegese bocah lahir
rupa lanang rupa wedhok. yen lanang
wedhus 2, yen wedok wedhus 1 di akeqohi
di sahadahke ting Gusti ALLOH. Sakwuse
(MIJIL) tembange(KINANTI)(KINANTI): bocah
cilik2 kuwi (Kinanti) kudu di kanti ahklaq di
kanti agama. Mulakne kaya NU gawe TPA,
TPQ, Roudhotu Atfal iku kanggo nrima
kinanti2 iku. (Kinanti) cilik- cilik kok ora di
ajar akhlak, ora dikanti agama mengko ndak
mleset. Amarga menungsa arep mlebu
tembang(SINOM)(SINOM): bocah bakal dadi
enom. Bocah yen enom ndablek,
angeldiwulang. Sakwuse kuwi tembange
(ASMORODONO)(ASMORODONO): bocah yen
atine wis ke taman asmara, wis wiwit “jatuh
cinta”, ora isa diajari. Wong tai kucing wae
jarene rasa coklat. Bubar kuwi tembange
(GAMBUH)
(GAMBUH): tempuk bocah lanang wadhon
mbangun omah-omah.Diterusne tembange
(DANDANG GULA)(DANDANG GULA): dandang
pahit, gua legi, yen entuk bojo pinter golek
duwit, uripe rukun adem ayem kuwi entuk'e
legi kaya gulo. Nanging yen entuk bojo kok
gaweane ming tayuban, anane ming
ngramal togel, bali2 nggablok, kuwi entuk'e
pahit kaya dandang. Dadi wis bisa
ngrasakne pahit legine urip. Diteruske
tembang(DURMO)(DURMO): wayahe
darmakne raja brana, ilmu, khoirun nass
anfa'uhum linnas. Banjur tembange(PANGKU
R)(PANGKUR): menungsa ngerti-ngerti
mungkur seko donya. Paramila yen ndang
mungkur golek dalan sing bener, mlebu
masjid, nggolek ulama' sakdurunge kesusul
tembang(MEGATRUH)(MEGATRUH): copot
raga sak sukmane.
Paling keri tembange(PUCUNG)(PUCUNG):
menungsa ming di pocong sluku- sluku
batok. Yen wisdi pocong terus di lebokke
nang lawang ciut. Mula di jenengi BUYUT
kuwi tegese siap2 mlebu lawang ciut. Yen
wis mlebu lawang ciut ketemu karo Malaikat
Munkar Nakir. Yen lali karo (SANGKAN
PARANING DUMADI) nalika di takoni malaikat
koko ra isa mangsuli.